Taksaka

Naga Taksaka
Naga Taksaka

Wonten salebeting mitologi Hindhu, Taksaka (Sanskerta: तक्षक; Takṣaka) inggih punika salah satunggaling naga, putranipun Dewi Kadru kaliyan Kashyapa. Panjenenganipun manggèn wonten ing Nagaloka kaliyan sadulur-saduluripun, kados ta Basuki, Antaboga, lan sapanunggalipun. Wonten wiracarita Mahabharata, Naga Taksaka inggih punika naga ingkang mejahi Raja Parikesit.

Naga Taksaka ugi wonten ing salebeting mitologi Bali, kados ta pengaruhipun mitologi Hindhu saking India. Wonten mitologi Bali, Taksaka inggih punika ula ingkang mapan wonten ing kahyangan.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search